-
Dumateng poro Alim Ulama warotsatul anbiya
ingkang tansah kawulo mulyaaken
-
Dumateng poro Bp. Kyai wabil khusus
panjenenganipun Almukarom Bp. Kyai Mungalim saking Jogosimo Petanahan, ingkang
kito ajeng-ajeng barokah pengaosanipun ugi ingkang kawulo mulyaaken
-
Dumateng panjenenganipun Bp. Kyai ………………………………
ingkang kawulo mulyaaken
-
Dumateng poro sesepuh, pinesepuh utaminipun Ibu
Kepala Desa soho perangkatipun ingkang kawulo taati tata aturan
pemerintahanipun, ugi ingkang kawulo mulyaaken
-
Dumateng poro Bapak, poro Ibu, hadirin, hadirot,
kaum muslimin wal muslimat, pemuda soho fatayat rohimakumulloh, ingkang kawulo
mulyaaken
Pertama-tama
monggo kito sesarengan nginggahaken puji lan syukur dateng ngarsanipun Alloh
SWT biqaulina alhamdulillahirobbil ‘alamin
bilih kulo lan panjenenganipun sedoyo tesih keparingan nikmat, taufik, hidayah,
lan inayah saking Alloh SWT sehinggo wonten ing siang meniko kito saged kempal
manunggal, muwajjahah bil wujuh wonten ing majlis meniko dalam rangka mengeti
wiosan dalem junjungan kito Nabi Agung Muhammad SAW kanti mboten manggihi
alangan satunggal menopo. Mugi-mugi rawuh kulo lan panjenengan sedoyo kacatet
amal ibadah shilaturahim ingkang katampi wonten ngarsanipun Alloh SWT allohuma….aamiiin
Sholawat
soho salam mugi tansah kawuwuhaken dumateng
junjungan kito Nabi Agung
Muhammad SAW kanti pangajeng-ngajeng mugio kulo lan panjenengan sedoyo tansah
saged ndereaken syafaatipun sehenggo kulo lan panjenengan sedoyo pikantuk
syafaatipun wonten ing dunyo lan akheratipun allohuma…… aamiiiin
Kepareng
kawulo matur ing ngarsonipun poro rawuh sedoyo minongko mewakili saking sedoyo
jajaran panitia Peringatan Maulid Nabi Agung Muhammad SAW. Sepindah ngaturaken
agunging panuwun atas rawuhipun poro Bapak, poro Ibu ingkang sampun sami kerso
angrawuhi undangan panitia, niko mboten kesupen sedoyo panitia ngaturaken
Marhaban Ahlan Wasahlan Bikhudurikum
Poro rawuh
ingkang kawulo mulayaaken,
Salajengipun, kawulo atas nami sedoyo panitia
ngaturaken matur agunging panuwun dumateng poro Bapak, poro Ibu khususipun
masyarakat Pedukuhan Kokopan langkung-langkung dumateng poro pemuda soho
pemudinipun ingkang sami kerso paring pambiantu dateng sedoyo panitia ingkang
awujud tenogo, fikiran, harta lan bendanipun, sehinggo acara peringatan wonten
ing siang meniko saged lumampah kanti lancar mboten manggihi alangan satunggal
menopo. Atas nami panitia mboten saged mbales nopo-nopo dateng panjenengan
sedoyo kejawi namung saged ndonga’aken mugi-mugi sedoyo amal bantuan
panjenengan pikantuk piwales ingkang tikal-matikal saking Alloh SWT kanti
iringan do’a Jazakumullohu Ahsanal Jaza Jaza’an Katsiro allohuma…..aamiiin
Poro rawuh
ingkang kawulo mulayaaken,
Kawulo atas nami panitia nyuwun agunging pangapunten
mbok bilih anggenipun ngawontenaken peringatan wonten ing siang meniko
langkung-langkung anggenipun paring pakurmatan dateng poro rawuh sedoyo kirang
maremaken penggalih, awit saking penjemputan, ugi anggenipun nyediaaken papan
palenggahan lan sodakohan ingkang sampun ka’aturaken nopo dene ingkang bade
ka’aturaken sa’jatosipun sedoyo panitia sampun mbudidoyo sa’kiyatipun kanti
mencurahkan tenaga lan fikiran supados anggenipun ngawontenaken peringatan
langkung-langkung anggenipun paring pakurmatan saged maremaken penggalih poro
rawuh sedoyo, ananging kados pundi malih Maksu Hati Memeluk Gunung, Tapi Apa
Daya Tangan Tak Sampai. Kasunyatan namung kados makaten ingkang saged dipun
suguhaken dateng poro rawuh sedoyo. Pramilo sepindah malih atas sedoyo
kekirangan saking sedoyo segi, panitia nyuwun agunging pangapunten
Poro rawuh
ingkang kawulo mulayaaken,
Ingkang langkung penting, saking panitia bade
nyuguhaken santapan rohani kanti pengaosan ingkang bade dipun aturaken dening
panjenenganipun Almukarom Bp. Kyai Mungalim saking Jogosimo Petanahan. Milo
panitia ngajak dhumateng poro rawuh sedoyo monggo kito pirengaken sesarengan
kanti khidmah mugi-mugi sa’bubaripun pengaosan sa’mangke kulo panjenengan
sedoyo kantuk ngilmu ingkang manfa’at lan barokah allohuma……aamiiiin
Makaten minongko sambutan atas nami panitia,
kirang soho langkungipun atur kawulo nyuwun agunging pangapunten.
Billahi Taufik Wal Hidayah Wassalamu’alaikum
Warokhmatullohi Wabarokatuh
0 Response to "sambutan MAULUD NABI MUHAMMAD SAW bahasa jawa kebumen"
Post a Comment